Minggu, 01 April 2012

Solo Grenmol (part-1)

Aku kepengen sekali-sekali nyobo mlebu Grenmol mumpung ning Kota. Aku sakjane awam tenan karo lingkungan kota, rasane koyo mendadak ‘buta arah’
Tapi mumpung aku ning Solo, aku tetep wegah nyiak-nyiakne kesempatan! Aku pengen banget nyobo mampir mlebu Pasar sing hawane anyep, koyo sing diceritakne konco-koncoku.
Yowes sidane aku nekat lungo dewean tanpo didampingi konco dinggo penunjuk arah. Aku pengen membuktikan karo mereka yen aku iki gaul! Ora perlu lungo-lungo ndadak dikancani. Mangsane cah bayi po piye.. neng ngendi-ngendi ndadak didampingi karo cangkeme disumpeli Dot. Huft!

Aku langsung wae siap-siap! Adus gek barkui dandan mbois, kocomotonan, karo nganggo hasduk ben ngganteng. Ketmau ning njero pikiranku ki mung mbayangne pengen ndang tekan Grenmol gek foto-foto trus barkui nginep sedino turu ning kono.
Oh iyo! Lali aku yen ning Grenmol ki jarene hawane anyep. Kudu nganthongi korek ki ben anget, untung wae kelingan.

Perlengkapan kabeh uwis komplit! Jaket, topi baret, mi instan, kompor, karo tendo yen ndilalah sido nginep barang.
Okee! aku wes siap! Siap jalan-jalan ning Pasar Moderen!

Fiuuuuh~ panas tenan hawane metu seko omah.. Rasane koyo nyemplungke sirah ning mejikjer karo nyambi ngemut oncor..
Gek aku yo mendadak mulai bingung ki... Kudu mangkat lewat arah ngendi...
Yowis sidane aku nekat mlaku nganggo metode penalaran wae. Ngetutne banyu kalen sing mengalir..

Nah! Akhire aku wes tekan dalan gede!
Wes tekan dalan gede cah! Duh dadi pengen nangis..
Adoh tenan perjalananku. Untung wae karo tak sambi joging, dadi rodok cepet. Sepanjang perjalanan mboseni tenan, nganti sempet keturon aku pas joging..
Ning kene rame banget dalane, nganti meh nyebrang wae kudu siap nyali. Istilahe koyo berani menyebrang, berani mati! Lha piye meneh wong jaman saiki Bangjo yo jarang digagas.
Dengan perjuangan karo mental sing kuat, akhire aku isoh nyebrang! Lumayan gampang sih jebule, aku mau nyebrang karo nggendong kucing, dadi sing do ngebut mendadak wedi tenan yen arep nabrak aku.

Lah saiki aku bingung meneh, ngendi arah sing kudu tak lewati ben cepet tekan Grenmol..
Clingak-clinguk, akhire aku ketemu sopir Becak sing lagi manggrok ning ngarep bengkel. Lagi rileks karo ngrungoke suoro knalpot sing lagi digleyer-gleyer ning mburine.
Dengan sedikit menggeh-menggeh aku tekok karo Pak Becak. ‘Pak, kulo ajeng teng Grenmol lewate pundi nggih?’
Dengan suasana sing bising goro-goro suoro knalpot, Pak Becak pun menjawab. ‘HAAAH!?? OPO MAS!??’ jawabane ra santai banget, nganti idune muncrat! nganti rambutku teles kebes..
Gandeng suasana kurang mendukung dinggo tanya jawab, karo rambutku sing mendadak loro ati, yowes sidane aku lungo rasido nutukne tekon arah.

bingung.. kesel.. ngelak.. luwe.. jomblo sisan! Lengkap sudah penderitaanku..

Kluntang-klantung mlaku-mlaku ndilalahe aku ketemu Warung Es. Wah seneng tenan aku, jajan sik wae lah sisan leren.
Aku mlebu warung trus langsung disambut pelayane dengan nada sing Sok Kenal banget..
Duuuh.. bingung tenan aku karo menune, blas ramudeng koyo piye bentuke. Enek Ice Cream Vanilla, Ice Espresso Mocca, Ice Chocolate Oreo, Ice Deodorant, dll..
Saking suwene aku ra ndang pesen-pesen, Mase Pelayan marani aku. ‘Jadinya pesen apa Pak?’
Yowes tak jawab wae. ‘Pesen Es batu mas..’
Bingung tenan aku, daripada tiwas pesen nggon Menu jebule raenak. Pilih sing pasti-pasti wae lah daripada ujung-ujunge ra doyan malah Mubazir.

Rampung leren karo mbrakoti prongkolan Es, aku nglanjutne perjalananku. Yen iki aku kudu tekok dalan, wedine yen kesoren Grenmol selak tutup.
Pas tenan! ning perjalanan aku ketemu karo ibu-ibu PKK cacahe telu sing lagi ngobrol heboh dewe-dewe. Pas salah sijine enek sing mingkem, langsung tak parani tak tekoni..
‘Buk, nderek pirso, dalan arah Grenmol pundi nggih?’
Tiba-tiba kabeh langsung nyaut!
Ibuk 1: ‘oh Grenmol to mas? Njenengan mang bablas mangke prapatan pertama belok kiri sedurunge Salon, mlebet gang cilik trus...(bersambung)’
Durung rampung ngomong, Ibuk 2 nyaut: ‘anu wae mas, luwih gampang njenengan mang lewat...(bersambung)’
Langsung dipedot karo Ibuk 3: ‘lewat dalan gede mawon, bablas terus mengko sebrang dalan panggone, ketok kok Mas.. enek tulisan Solo Grenmol’
Saking bosene aku ngrungoke Ibu-ibu sing do heboh, aku sempet keturon angler banget...

Hmmm.. okelah! Petunjuk seko Ibuk 3 tak jupuk!
Aku balik arah, mlaku nglanjutne perjalanan..
(sempet keturon meneh goro-goro kekeselen)

.......akhirnyaaa......
Jeng jeng jeng jeng!!
Aku wes tekan ning ngarep Solo Grenmol cah! Wes tekan Grenmol cah!!
Wuiiiiiiih gede banget omahe! Gek rame akeh tamune, saking gedene nganti mobil do isoh mlebu kabeh.
Mendadak mbrebes mili.. aku copot sendal trus mlebu njangkahke sikilku siji-siji, karo rodok berirama poco-poco.
Waaaah gede tenan panggone, gek lampune akeh banget padang njingglang. Aku langsung kepikiran, iki mbayar pajek listrike piye ya.. awan-awan kok yo ngurupne lampu.
Hawane ki adem tenaaaan! Nganti masuk angin ndrodok awakku. Clingak-clinguk goleki wayer meh tak cilikne angine tapi kok yo raono..
Hawane ki koyo howo Gunung nggon Tawangmangu ngono kae hlo. Tapi sanajan aku masuk angin, tetep tak kuat2ke lah ben ketok britis..

Aku mubeng-mubeng neng lantai ngisor dewe, tak jelajahi siji2. Macem-macem dodolane, enek sing dodol kotang, cawet, pempres, thengkleng, gapuro, macem-macem lah pokoke..  Gek opo do ra isin ya, yen ono cah wedok sing tuku pakaian dalem ning kene.. ditontoni wong akeh banget. Marai roso penasaran dadi berkurang...
Kebayang aku.. Yen do nyobo-nyobo cawet, trus rasido dituku, dibalekne meneh... Duuh, opo ora mambuuu...
Lanjut perjalanan, aku ketemu tangga berjalan koyo ning Tivi-tivi sing do diarani Eskalator. Rasane pengen jane nyobo numpak eskalator.. tapi kok yo rodok wedi aku. Kepikiran yen pas tengah-tengah lagi mlaku, teko-teko eskalatore rusak terus piye midunku..
Yowis sidane aku rasido nyobo-nyobo, daripada enek opo-opo.

Aku pilih tetep ning lantai ngisor wae lah, mubeng-mubeng tak puas-puaske.. Sisan cepak-cepak golek panggon dinggo ngedekne tendo ning duwur mesin kasir.
Aku mulai golek-golek mesin kasir sing sepi tur ra rame. Soale ngisin-ngisini lah! Ngedekne tendo ning panggon rame.. ngko yen pas aku bobok trus do nginjeni aku sakpenake dewe yo aku wegah lah! Emang guwe Budi apaan........

Nah! Akhire aku entuk panggon sing sesuai karo kriteriaku! Sepi, ra patio rame, strategis, tinggi semampai, kulit sawo mateng. Tanpo bosa-basi, langsung wae aku siap-siap nyepakne tendo...

Lagi setengahe ngedekne tendo, teko-teko aku krungu sempritan banter banget! Tak inguk mburi, jebule Satpam.. Aku langsung mendadak kelingan sempritan jaman lomba 17 Agustusan! Yowes aku langsung cepet-cepetan ngedekne tendo, karo berharap ‘mugo-mugo menang! Ben entuk hadiah buku karo potelot!’

Tengah-tengah lagi asik.. teko-teko Satpame marani aku karo muni-muni nyeneni aku. Juuuh... salahku opo.. nek misale raoleh ngedekne tendo ning kene mbok yo ngomong.. malah main sebul sempritan! Marai anyel tok!
Ck! Yowes lah aku ngalah.. aku rasido nginep kene! Cukuptai banget durung opo-opo wes di ‘entul’ karo Satpam. Aku tak nonton kotak-kotak koyo nggon THR Sriwedari sing munggah mudun ditumpaki wong akeh weh! Karo keplok-keplok dolanan tas kresek tak uncal-uncalke.


15 menit berlalu...... Mulai bosen -____-


Mulai bingung aku, meh ngopo meneh..
Ning kene rame banget, isine wong sugih-sugih, ayu-ayu. Sikile ki do apik-apik, mulus-mulus.. nganti tak sawang siji-siji yo raenek sing gudiken. Aku yo jik penasaran ki, kabeh tak ulati karo berharap ketemu cah wedok sing pipine ono bekas keslomot Knalpot, syukur-syukur sing ijik anget lagi ditempleki odol.
Mungkin ora ya? Ning Grenmol enek mbak-mbak ayu, mlaku-mlaku numpak egrang karo sikile ngempit galon...

Aku mulai curiga... Kenopo kabeh wong sing nglewati aku mesti kok do nguya-nguyu dewe sih.. sok kenal banget! Emang ngopo sih yaaaa?? Salah po ning Grenmol klesotan ngemut dengkul karo tepuk Pramuka?? Haa??


Wektu wes arep surup. Aku kudu ndang mulih ki, ndak selak Grenmol tutup malah aku kekancing ning kene dewean, sedih..

Mubeng-mubeng nggoleki dalan metu kok yo ra ketemu-ketemu ya tapi, duh malah keblasuk..
Sakjane seko awal mlebu, aku wes brusaha ngapalne dalan nganti kelingan lho. Tapi goro-goro kilaf ra sengojo kedep, malah dadi lali kabeh.. Duuh, sedih. Aku jane pengen tekok uwong sih, tapi isin lah.. mosok isoh mlebu raisoh metu.

Wes keblasuk. Luwe. Ngelak. Bosen ngganteng. Mendadak wetengku mules sisan! Duh, lengkap sudah kepedihan ini....

Yoweslah sidane aku golek WC umum sek ning kono....
Sumpah mules banget! Selak rakuat aku. Wedi banget rasane yen ra ndang ditokne malah netes-netes ning lantai.
Clingak-clinguk.. akhire aku ketemu wc umum sing hawane rapatio adem. Langsung wae aku nyelakne ngising sek ning kono.
Rodok bingung karo bentuk WCne, iki aku kudu nganggo posisi piye.. mengkurep? Mlumah? Opo ngising nganggo posisi sikap lilin? Ash mboh lah selak kebelet, yowis aku tetep nganggo posisi tradisional wae.. ‘Ndodok’

Saking kemrungsunge, nganti lali aku durung ucul katok, mung gaco ndodok. Untunge ra keno katok, mung sebagian tok sing keclepretan, mung nylepret ning kelopak mata karo kornea. Tapi santai..... raup pisan biasane wes ilang og.

Sewindu berlalu, akhire aku wes rampung ngising! Lego banget aku! Horeeee~
Lah tapi enek halangan meneh ki aku.. Pas metu seko WC, arep mbayar tapi duitku 20 ewunan utuh, tak bayarke Mase sing jogo tapi raenek jujule.

Duh, piye no.. mendadak galau butuh belaian kasih..

Tapi sanajan ngganteng, untung aku cerdas! Yowes akhire aku balik mlebu WC meneh, tak pekso ngising meneh nganti ping 19 ben pas bayare.

Huaaaaaaaah... lemes tenan awakku, rasane koyo isi wetengku entek resik.. mungkin lambungku barang yo katut metu ki mau.
Berhubung awakku wes lemes banget, wes ra kuat dinggo mubeng-mubeng golek dalan metu, yowis aku tekok karo Mase sing jogo WC wae lah.

Legooo.. Akhire aku wes metu seko Grenmol.
Sumpah lemes banget awakku, nganti dinggo kedep wae rakuat. Yen aku mulih mlaku meneh, isoh semaput ki. Clingak-clinguk golek Bis opo Angkuta yo ra ketemu-ketemu, yen arep numpak Taksi grogi aku.. mbayangke yen ning njero Taksi, wong loro tok karo Pak Sopir, gek tertutup ngono mobile... duh wedi yen di‘apak-apakne’ aku.
Mlaku-mlaku inguk-inguk trotoar, ndilalahe aku ketemu Pak Becak sing ndek mau nelesi rambutku... Hmm yowislah tak numpak Becak wae ben ndang cepet tekan omah. Selak semaput aku.